Raden Gathutkaca Versi Jawa




Raden Gathutkaca

 

         Raden Gathutkaca iku satriya saka Pringgodhani.
Raden Gathutkaca iku putrane R.Werkudara karo Dewi Arimbi, Sadulure ana loro yaiku, Antareja lan Antasena.
Asma liyane R.Gathutkaca iku Arimbiatmaja, Bimasiwi, Guritna, Gurudaya, Kacanegara, Purbaya, Kancing jaya, Bambang tetuka, Sena putra, Bimasutna, Krincing wesi.
Wektu isih bayi Gathutkaca didadikno jagoning para dewa yaiku, Prabu Kalapracona lan Patih Sekipu.
Gathutkaca di cemplungake ing Kawah Candradimuka sing genine murup mengalat-alat. Gathutkaca  disawati menika warna gegaman, nanging ora mati malah cepet gede.
Metu saka kawah malah wis nganggo busana wesi lan nganggo Caping Basunanda. Dayane yen panas ora kepanasen, yen udan ora keudanan.
Amarga jasa’e kasebut Gathutkaca diwenehi anugras pusaka sakti saka dewa, yaiku :
1.)    Kutang Antakusuma
2.)    Caping basunanda
3.)    Sepatu Pada Kucarma, lan
4.)    Aji Narantaka.
Pas gede Raden Gathutkaca diangkat dadi Raja Negara Pringgodhani.
Lan nduwe Bojo telu yaiku, Dewi Sumpani, Dewi Pergiwa, lan Dewi Suryawati.
Raden Gathutkaca gugur perkoro Basukarma. Basukarma ngelepasake senjata Kunta Wijayadanu lan mancep neng puser’e Raden Gathutkaca, Sanalika Raden Gathutkaca gugur mbela Bangsa lan Negara.
By : CAMELIA PUTRI A.


                                                                 



 

Komentar